Jumat, 08 Januari 2021

TEMBUNG NGOKO - KRAMA MADYA - KRAMA INGGIL

Tembung utawi ukara, wonten tigang tingkatan. Inggih punika, tembung ngoko, tembung krama madya lan krama inggil. Miturut pangunaanipun, tembung ngoko lumrah dipun ginaaken tumrap tiyang ingkang luweh enom, utawi rencang ingkang sampun akrab. Tembung krama madya, lumrah dipun ginaaken tumrap tiyang sak umuran, lan krama inggil dipun ginaaken tumrap tiyang ingkang kalangkung / luweh sepuh. Sakmenika tembung ngoko, krama madya lan krama inggil ingkang lumrah dipun gunaaken saben dinten, kanti urutan: 

NGOKO - KRAMA MADYA - KRAMA INGGIL

Aksara A ngantos D

A

abang - abrit - abrit
adhi, adik - adhi - rayi
adeg - ngadeg - jumeneng
adoh - tebih - tebih
adus - adus - siram
ajang - ajang - ambeng
aku - kula - kawula, abdi, dalem
ambung - ambung - aras
amit - amit - kulanuwun, nuwun sewu
anak - yoga - putra
anak-anak - anak-anak - peputro
anggo - angge - agem
aran - nama - asma
arep - ajeng, badhe - kersa
( pem ) barep - pembajeng - pembajeng
asu - segawon - segawon
aweh - nyukani - maringi
ayo - mangga - sumangga
enyo - niki - punika

B

bali - mantuk - kundur
bantal - bantal - kadang sirah
banyu - toya - toya
bapak - bapak - rama
batur - rencang - abdi
bebed - bebed - nyamping
bebek - kambangan - kambangan
bener - leres - kasinggihan
beras - uwos - uwos
biyen - riyen - rumiyen
bojo - semah - garwa
boreh - boreh - konyoh
buri - wingking - pangkeran
buwang - bucal - kendhang
bebuwang - bebucal - bobotam
buyar - rampung - rampung

C

carita - cariyos - cariyos
caturan - wicanten - ngendika
cawis - cawis - caos
cekel - cepeng - asta
celelng - andhapan - andhapan
cewok - cawik - cawik
clathu - wicanten - ngendika
cucul - cucul - lukar
cukur - cukur - paras, pangkas
cundhuk - cundhuk - sangsangan

D

dadi - dados - dados
dalan - radinan - margi
dandan - dandos - busana
deleng - ningali - mriksani
dhewe - piyambak - piyambak
dhuwit - yatra - arta
dudu - sanes - sanes
doyan - purun - kersa
dolan - dolan - ameng-ameng
dulang - ndhulang - ndhahari
durung - dereng - dereng
duwe - gadhah - kagungan





Tidak ada komentar:

Posting Komentar

new post

Arane Satriya lan Kasatriyane

Sakmenika arane Satriya lan Kasatriyanipun R. Abimanyu - satriya ing - Plangkawati R. Anoman - satiya ing - Kendhalisada R...

most popular