Tembung utawi ukara, wonten tigang tingkatan. Inggih punika, tembung ngoko, tembung krama madya lan krama inggil. Miturut pangunaanipun, tembung ngoko lumrah dipun ginaaken tumrap tiyang ingkang luweh enom, utawi rencang ingkang sampun akrab. Tembung krama madya, lumrah dipun ginaaken tumrap tiyang sak umuran, lan krama inggil dipun ginaaken tumrap tiyang ingkang kalangkung / luweh sepuh. Sakmenika tembung ngoko, krama madya lan krama inggil ingkang lumrah dipun gunaaken saben dinten, kanti urutan:
NGOKO - KRAMA MADYA - KRAMA INGGIL
Aksara E ngantos L
E
eling - eling - emut, enget
embah - embah - eyang
embug - kirangan - ngapunten
endhem - mendhem - wuru
endi - pundi - pundi
enteni - entosi - rantosi
enyang - enyang - awis
epek / pek - pendhet - pundhut
esuk - enjing - enjing
G
gajah - liman - liman
gawa - bekta - asta
gawe - damel - damel
gedhe - ageng - ageng
gelang - bingel -bingel
gelem - purun - kersa
gelis - enggal -enggal
gelung - gelung - ukel
geni -latu - latu
godhong - ron - ron
golek - pados - pados
gugah - gugah - wungu
gula- gendhis - gendhis
gunem - gineman - ngandika
guyu - gujeng - gujeng
I
iket - iket - destar
iki - niki - punika
ilang - ical - ical
imbuh - imbet - tanduk
inep -nyipeng - nyare
ireng - cemeng - cemeng
( ng ) iring ( aken ) - ngiringaken - ndherekaken
isa - saged - saged
isin - isin - lingsem
iwak - ulam - ulam
iya - inggih - sendika, nuwun inggih
J
jaga- jagi - reksa
jago - sawung - sawung
jaluk - nedi - nyuwun
jamu - jampi - loloh
jaran - jaran - titihan
jarit - sinjang - nyamping
jenat - jenat - swargi
jeruk - jeram - jeram
jisim - jisim - layon
joged - joged - beksa
jungkat - serat - petat
jupuk - pendhet - pundhut
K
kabeh - sedaya - sedanten
kacamata - kacamripat - kacatingal
kaget - kaget - kejot
kakang - kakang - raka
kalung - kalung - sangsangan
kanggo -kangge - kagem
kandha - sanjang - ngendika
kathok - kathok - lancingan
katur - katur - konjuk
kayu - kajeng - kajeng
kebo - maeso - maeso
kelambi - rasukan - ageman
kelud - kelud - samparan
kembang - sekar - sekar
kemben - kemben - kesemekan
kemul - kemul - singep
keris - dhuwung - wangkingan
kijing - kijing - sekaran
kira - kinten - kinten
kongkon - kengken - utus
kowe - sampeyan - panjenengan
kramas - kramas - jamas
krasa - kraos - kraos
krungu - kepireng - midhanget
( di ) kubur - dipetak - disarekake
kuburan - kuburan - pasareyan
kurang - kirang - kirang
kuwat - kiyat - kiyat
kuwi - niku - punika
L
labuh - labet - labet
lagi - saweg - nembe
lair - lair - miyos
lali - supe - kalimengan
lanang - jaler - kakung
lara - sakit - gerah, gering
larang - awis - awis
layang - serat - nawala
lemah - siti - siti
lemu - lema - lema
liwat - langkung - langkung
lungo - kesah - tindak
lelungan - kekesahan - peparan
lungguh - lenggah - pinarak
Tidak ada komentar:
Posting Komentar