Selasa, 17 Agustus 2010

tembang macapat " Maskumambang "

MASKUMAMBANG
duk samana kang dadya tumbal ing nagri
gugur lir kusuma
ngrungkebi Ibu Pertiwi
prang lumawan Gurkha Nica

bambu runcing kang dadi gamaning jurit
dene mungsuhira
bedhil mriyem kadi thathit
unggul wit karsaning Allah

tuhu agung pangayoman Hyang Widi
marang bangsa kita
kang suwe anandhang kingkin
linuwaran saking papa

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

new post

Arane Satriya lan Kasatriyane

Sakmenika arane Satriya lan Kasatriyanipun R. Abimanyu - satriya ing - Plangkawati R. Anoman - satiya ing - Kendhalisada R...

most popular