Senin, 25 Januari 2021

TEMBUNG NGOKO - KRAMA MADYA - KRAMA INGGIL

Tembung utawi ukara, wonten tigang tingkatan. Inggih punika, tembung ngoko, tembung krama madya lan krama inggil. Miturut pangunaanipun, tembung ngoko lumrah dipun ginaaken tumrap tiyang ingkang luweh enom, utawi rencang ingkang sampun akrab. Tembung krama madya, lumrah dipun ginaaken tumrap tiyang sak umuran, lan krama inggil dipun ginaaken tumrap tiyang ingkang kalangkung / luweh sepuh. Sakmenika tembung ngoko, krama madya lan krama inggil ingkang lumrah dipun gunaaken saben dinten, kanti urutan: 

NGOKO - KRAMA MADYA - KRAMA INGGIL

Aksara M ngantos Y

M

maca - maca - maos
macan - macan - simo
maling - maling - pandung
mambu - mambet - ngganda
manak - nglairaken - mbabar
mangan - nedha - dhahar
mangkat - bidhal - tindak, jengkar
marang - dhateng - dhateng
mati - pejah - seda, surud
mayit - mayit - layon
melek - melek - wungu
melu - tumut - ndherek
menehi - nyukani - maringi, nyaosi
menjangan - sangsam - sangsam
menyang - dhateng - dhateng
metu - medal - miyos
mikir - manah - nggalih
minggat - minggat - lolos
mlaku - mlampah - tindak
mudun - mandhap - mandhap
mulang - mucal - mucal
mulih - mantuk - kundur
muni - mungel - mungel

N

nandur - nanem - nanem
nangis - nangis, mular - muwun
nepsu - nepsu - duka
nom - nem - timur
nunggang - numpak -nitih
ngadek - ngadek - jumeneng
nganggo - ngangge - ngagem
ngarep - ngajeng - ngarsa
ngaso - kendel - kendel
ngelu - ngelu - puyeng
ngenger - ngenger - ngabdi
ngenteni - ngentosi - ngrantos
ngimpi - ngimpi - nyupena
ngirim - ngintun - ngintun
ngising - bebanyu - bobotan
ngombe - nginum - ngunjuk
ngongkon - ngengken - ngutus, ngaturi
nguyuh - toyan - turas
nyambut gawe - nyambut damel - ngasta damel
nyekel - nyepeng - ngasta
nyilih - nyambut - ngampil
nyrengeni - nyrengeni - ndukani
nyritani - nyriyosi - nyriyosi

O

ombo - wiyar - wiyar
obat - lampi - usada
oleh - angsal - pikantuk, kepareng
ompong - ompong - dhaut
ora - boten - boten

P

padha - sami - sami
padusan - padusan - pasiraman
paidon - paidon - kecohan
panas - benter - benter
pangan - tedhan - dhaharan
pangilon - pangilon - paningalan
paturon - patileman - pasareyan
payung - payung - songsong
petan - petan - ulik
pikir - manah - penggalih
pilis - pilis - blonyoh
pitik - ayam - ayam
prau - kapal - baeto
pupak - pupak - dhaut
pupur - pupur - tasik
putih - pethak - pethak
putu - putu - wayah

R

rabi - emah-emah - krama
rada - radi - radi
rasa - raos - raos
rata - radin - radin
raup - raup - suryan
rekasa - rekaos - rekaos
rupa - warni - warni
rusak - risak - risak

S

sabuk - sabuk - paningset
sadela - sakedhap - sakedhap
sadulur - sadherek -sadherek
salin - ganti - gantos
sandhangan - pangangge - pangagem
sapi - sapi - lembu
sapih - sapih - pegeng
sapu - sapu - samparan
sega- sekul - sekul
segara - segara -seganten
selir - selir - ampil, ampeyan
sendhok - sendhok - lantaran
silih - sambut - ampil
slamet - wilujeng - sugeng
suwe - dangu - dangu

T 

takon - taken - ndangu, nyuwun persa
tandang gawe - nyambut damel - ngasta damel
tandha tangan - tandha tangan - tapak asta
tandur - tanem - tanem
tangi - tangi - wungu
tapihan - tapihan - nyampingan
teka - dugi, dhateng - rawuh
teken - teken - lantaran
tetak, sunat - tetak, sunat - supit
tiba - dhawah - dhawah
tilik - tuwi - tuwi
tuku - tumbas - mundhut
turah - tirah - tirah
turu - tilem - sare, nendra
turun - turun - tedhak

U

udan - jawah - jawah
udheng - iket - dhestar
ukiran - jejeran - jejeran
ulem-ulem - ulem-ulem - atur-atur
umur - umur - yuswa
undang - ngundhang - ngaturi
urip - gesang - sugeng
utang - nyambut - ngampil
uyah - sarem - sarem

W

wadi - wadi - wados
wadon - estri - estri
wahing - wahing - sigra
wani - wantun - wantun
waras - saras - waluya
watu - sela - sela
watuk - watuk - cekoh
wayah - wanci - wanci
wayang - ringgit - ringgit
wedhus - menda - menda
wedi - ajrih - ajrih
wengi - dalu - dalu
weruh - sumerep - priksa, uninga
weneh - nyukani - peparing
wirang - isin - lingsem
wisuh - wisuh - wijik
wong - tiyang - tiyang
wuda - wuda - lukar
wudun - wudun - untar
wutuh - wetah - wetah

Y

yekti - yektos - yektos
yen - menawi - menawi





Tidak ada komentar:

Posting Komentar

new post

Arane Satriya lan Kasatriyane

Sakmenika arane Satriya lan Kasatriyanipun R. Abimanyu - satriya ing - Plangkawati R. Anoman - satiya ing - Kendhalisada R...

most popular