Tembung utawi ukara, wonten tigang tingkatan. Inggih punika, tembung ngoko, tembung krama madya lan krama inggil. Miturut pangunaanipun, tembung ngoko lumrah dipun ginaaken tumrap tiyang ingkang luweh enom, utawi rencang ingkang sampun akrab. Tembung krama madya, lumrah dipun ginaaken tumrap tiyang sak umuran, lan krama inggil dipun ginaaken tumrap tiyang ingkang kalangkung/luweh sepuh. Sakmenika tembung ngoko, krama madya lan krama inggil tumrap perangane awak, kanti urutan:
NGOKO - KRAMA MADYA - KRAMA INGGIL
alis - alis - imba
ati - manah - ( peng ) galih
awak - badan - salira
balung - balung - tosan
bangkekan - bangkeaan - pamekan
bathuk - bathuk - palarapan
bokong - bokong - bocong
brengos - brengos - gumbala, rawis
cangkem - cangkem - tutuk
cengel - cengel - griwa
dhadha- dhadha - jaja
dhengkul - dhengkul - jengku
dlamakan - dlamakan - samparan
driji - driji - racikan
embun-embunan - embun-embunan - pasundhulan
endhas - sirah - mustaka
geger - geger - pengkeran
gelung - gelung - ukel
getih - rah - rah
githok - githok - julukan
gulu - gulu - jangga
idep - idep - ibing
idu - idu - kecoh
iga - iga - unusan
ilat - ilat - lidhah
irung - irung - grana
janggut - janggut - kethekan, sadhegan
jenggot - jenggot - gumbala
kempol - kempol - wengkelan
kringet - kringet - riwe
kuku - kuku - kenaka
kuping- kuping - talingan
lambe - lambe - lathi
luh - luh - waspa
mata - mripat - paningal, soca
pipi - pipi - pangarasan
pundhak - pundhak - pamidhangan
pupu - pupu - wentis
rai - rai - pasuryan
rambut - rambut - rema, rikma
riyak - riyak - jlagra
sikil - suku - ampeyan
susu - susu - prembayun
suwara - swanten - swanten
tangan - tangan - asta
umbel - umbel - gadhing
untu - untu - waja
uyuh - toyan - turas
weteng - weteng - padharan
wudel - wudel - tuntunan
Tidak ada komentar:
Posting Komentar