Minggu, 14 Februari 2021

Arane Satriya lan Kasatriyane

Sakmenika arane Satriya lan Kasatriyanipun

R. Abimanyu - satriya ing - Plangkawati
R. Anoman - satiya ing - Kendhalisada
R. Antareja - satriya ing - Jangkarbumi
R. Arjuna - satriya ing - Madukara
R. Aswatama - satriya ing - Sokalima
R. Bimasena - satriya ing - Jodhipati
R. Drestajumena - satriya ing - Cempalareja
R. Dursasana - satriya ing - Banjarjumput
R. Gathutkaca - satriya ing - Pringgodani
R, Janaka - satriya ing - Madukara
R. Jayadrata - satriya ing - Banakeling
R. Kumbakarna - satriya ing - Panglebur Gangsa
R, Lesmana Mandra Kumara - satriya ing - Saroja Binagun
R. Nakula - satriya ing - Sawojajar
R. Sadewo - satriya ing - Sawojajar
R. Samba - satriya ing - Paranggarudha
R. Setyaki - satriya ing - Lesanpura
R. Sengkuni - satriya ing - Plasajenar
R. Werkudara - satriya ing - Jodhipati

Senin, 25 Januari 2021

TEMBUNG NGOKO - KRAMA MADYA - KRAMA INGGIL

Tembung utawi ukara, wonten tigang tingkatan. Inggih punika, tembung ngoko, tembung krama madya lan krama inggil. Miturut pangunaanipun, tembung ngoko lumrah dipun ginaaken tumrap tiyang ingkang luweh enom, utawi rencang ingkang sampun akrab. Tembung krama madya, lumrah dipun ginaaken tumrap tiyang sak umuran, lan krama inggil dipun ginaaken tumrap tiyang ingkang kalangkung / luweh sepuh. Sakmenika tembung ngoko, krama madya lan krama inggil ingkang lumrah dipun gunaaken saben dinten, kanti urutan: 

NGOKO - KRAMA MADYA - KRAMA INGGIL

Aksara M ngantos Y

M

maca - maca - maos
macan - macan - simo
maling - maling - pandung
mambu - mambet - ngganda
manak - nglairaken - mbabar
mangan - nedha - dhahar
mangkat - bidhal - tindak, jengkar
marang - dhateng - dhateng
mati - pejah - seda, surud
mayit - mayit - layon
melek - melek - wungu
melu - tumut - ndherek
menehi - nyukani - maringi, nyaosi
menjangan - sangsam - sangsam
menyang - dhateng - dhateng
metu - medal - miyos
mikir - manah - nggalih
minggat - minggat - lolos
mlaku - mlampah - tindak
mudun - mandhap - mandhap
mulang - mucal - mucal
mulih - mantuk - kundur
muni - mungel - mungel

Minggu, 17 Januari 2021

TEMBUNG NGOKO - KRAMA MADYA - KRAMA INGGIL

Tembung utawi ukara, wonten tigang tingkatan. Inggih punika, tembung ngoko, tembung krama madya lan krama inggil. Miturut pangunaanipun, tembung ngoko lumrah dipun ginaaken tumrap tiyang ingkang luweh enom, utawi rencang ingkang sampun akrab. Tembung krama madya, lumrah dipun ginaaken tumrap tiyang sak umuran, lan krama inggil dipun ginaaken tumrap tiyang ingkang kalangkung / luweh sepuh. Sakmenika tembung ngoko, krama madya lan krama inggil ingkang lumrah dipun gunaaken saben dinten, kanti urutan: 

NGOKO - KRAMA MADYA - KRAMA INGGIL

Aksara E ngantos L

E

eling - eling - emut, enget
embah - embah - eyang
embug - kirangan - ngapunten
endhem - mendhem - wuru
endi - pundi - pundi
enteni - entosi - rantosi
enyang - enyang - awis
epek / pek - pendhet - pundhut
esuk - enjing - enjing

G

gajah - liman - liman
gawa - bekta - asta
gawe - damel - damel
gedhe - ageng - ageng
gelang - bingel -bingel
gelem - purun - kersa
gelis - enggal -enggal
gelung - gelung - ukel
geni -latu - latu
godhong - ron - ron
golek - pados - pados
gugah - gugah - wungu
gula- gendhis - gendhis
gunem - gineman - ngandika
guyu - gujeng - gujeng

Jumat, 08 Januari 2021

TEMBUNG NGOKO - KRAMA MADYA - KRAMA INGGIL

Tembung utawi ukara, wonten tigang tingkatan. Inggih punika, tembung ngoko, tembung krama madya lan krama inggil. Miturut pangunaanipun, tembung ngoko lumrah dipun ginaaken tumrap tiyang ingkang luweh enom, utawi rencang ingkang sampun akrab. Tembung krama madya, lumrah dipun ginaaken tumrap tiyang sak umuran, lan krama inggil dipun ginaaken tumrap tiyang ingkang kalangkung / luweh sepuh. Sakmenika tembung ngoko, krama madya lan krama inggil ingkang lumrah dipun gunaaken saben dinten, kanti urutan: 

NGOKO - KRAMA MADYA - KRAMA INGGIL

Aksara A ngantos D

A

abang - abrit - abrit
adhi, adik - adhi - rayi
adeg - ngadeg - jumeneng
adoh - tebih - tebih
adus - adus - siram
ajang - ajang - ambeng
aku - kula - kawula, abdi, dalem
ambung - ambung - aras
amit - amit - kulanuwun, nuwun sewu
anak - yoga - putra
anak-anak - anak-anak - peputro
anggo - angge - agem
aran - nama - asma
arep - ajeng, badhe - kersa
( pem ) barep - pembajeng - pembajeng
asu - segawon - segawon
aweh - nyukani - maringi
ayo - mangga - sumangga
enyo - niki - punika

new post

Arane Satriya lan Kasatriyane

Sakmenika arane Satriya lan Kasatriyanipun R. Abimanyu - satriya ing - Plangkawati R. Anoman - satiya ing - Kendhalisada R...

most popular