alise - nanggal sepisan
astane - nggendhewa gadhing
athi-athine - ngudhup turi
awake - ramping
bangkekane - nawon kemit
bathuke - nyela cendhani
bokonge - manjang ngilang
brengose - nglaler menclok
brengose - nguler keket
cahyane - sumunu/sumunar
cahyane - ngalentrih
drijine - mucuk eri
godhege - simbar rumembun
gulune - ngelung gadhung
gulune - ngolan-olan
eseme - kaya madu pinastika
eseme - pahit madu
idepe - tumenga ing tawang
irunge - kencana pinatar
irunge - mbangir
irunge - ngudhup mlathi
kempole - ngembang pudhak
lakune - macan luwe
lakune - mager timun
lambehane - mblarak sempal
lambene - manggis karengat
lambene - nggula satemplik
lengene - nggandhewa pinenthang
mripate - mblalak-mblalak
mripate - ndamar kanginan
netrane - liyep alindri
pakulitane - ngulit langsep
pakulitane - ireng manis
pamulune - ambengle kiris
pamulune - prada binabar
pawakane - gagah pidegsa
pawakane - ramping
pipine - nduren sajuring
polatane - ruruh jatmika
praene - sumunar
pundhake - nraju emas
rambute - ngandhan-andhan
rambute - ngembang bakung
sinome - micis wuncah
sinome - mbibis mabur
slirane - sedhet singset
solahe - merak ati
susune - nyengkir gadhing
swarane - ngombak banyu
tangane - nggendhewa pinenthang
tungkake - bunder lir jinangka
ulate - sumeh/sumunar
untune - miji timun
untune ( sisingane ) - ngelar kombang
wange - ngungkal gerang
wange - nyangkal putung
watake - andhap asor
wentise - mukang gangsir
wentise - ndamen meteng
Tidak ada komentar:
Posting Komentar