Kinanthi
Anoman malumpat sampun
prapteng witing nagasari
mulat mangandap katingal
wanodya yu kuru aking
gelung rusak wor lan kisma
kang iga-iga kaeksi
Wruhanta yen sira kulup
Arsaha mungkasi kardi
Mubarang ingkang sinedya
Tebusen laku utami
Wit iku sanguning gesang
Pitukon wajib ing urip
Marmane den taberi kulup
Angulah lantiping ati
Rina wengi den anedya
Pandak panduking pambudi
Bengkas kahardaning driya
Supaya dadya utami
Tidak ada komentar:
Posting Komentar