ILIR-ILIR
Lir-ilir lir-ilir
Tandure wis sumilir
Tak ijo royo-royo
ak sengguh penganten anyar
Cah angon cah angon
penekno blimbing kuwi
Lunyu-lunyu penekno
Dodot iro dodot iro
Kumitir bedhah ing pinggir
dondomono jlumatono
kanggo sebo mengko sore
Mumpung padhang rembulane
Mumpung jembar kalangane
Sun-surako.....
Surak hore....
GAJAH-GAJAH
Gajah-gajah kuwe tak kandani
Mripat kaya laron siyung loro
Kupinge gedhe kathik nganggo tlale
Buntut cilik tansah kopat-kapit
Sikil kaya bumbung
Mung mlakumu megal-megol
Mlakumu megal-megol
GAMBANG SULING
Gambang suling kumandhang swarane
Tulat-tulit kepenak unine
unine mung nrenyuhake
Bareng lan kentrung
Ketipung suling
Sigrak gambangane
MENTHOG-MENTOG
Menthog-menthog tak kandani
Mung rupamu angisin-isini
Mbok yo ojo ngetok
Ono kandhang wae
Enak-enak turu ora nyambut gawe
Menthog-menthog mung lakumu
Megal-megol gawe guyu
Tidak ada komentar:
Posting Komentar