sakmenika aran utowo celukan anak menawi diruntut saking keturunan utawi jumlahe.
( Berikut sebutan atau panggilan anak jika diruntut dari jumlah keturunannya )
ontang-anting : anak 1 - lanang
unting-unting : anak 1 - wadon
uger-uger lawang : anak 2 - lanang kabeh
kembang sepasang : anak 2 - wadon kabeh
cukit dulit : anak 3 - lanang kabeh
gotong mayit : anak 3 - wadon kabeh
saramba : anak 4 - lanang kabeh
sarimpi : anak 4 - wadon kabeh
pandhawa : anak 5 - lanang kabeh
pancagati : anak 5 - wadon kabeh
kedhana-kedhini : anak 2 - lanang ; wadon
kedhini-kedhana : anak 2 - wadon ; lanang
pancuran kaapit sendhang : anak 3 - wadon ; lanang ; wadon
sendhang kaapit pancuran : anak 3 - lanang ; wadon ; lanang
keblat papat : anak 4 - lanang - wadon
ipil-ipil ( pipilan ) : anak 5 - lanange mung siji
padangan : anak 5 - wadone mung siji
pandhawa nyandangi : anak 6 - anak wadone mung siji, waruju/ruju/ragil
kembar dampit : anak 2 - lanang, wadon - laire bareng
kembar : anak luwih soko siji - lanang utowo wadon sing laire bareng
grandel : anak lanang akeh, sing ruju wadon, utowo sakwalike
gendhong : anak lanang akeh, sing tengah wadon
pathok : anak wadon akeh, sing tengah lanang
sumarak : anak akeh, lanange paling akeh
gilir kacang : anak akeh, giliran lanang-wadon
lumpat kidang : anak akeh, ora giliran lanang - wadon
anggana : anak akeh, sing urip mung siji
pembarep/mbarep : anak nomer siji
panggulu : anak nomer loro
pandhadha : anank nomer telu
sumendhi : kakange wuragil / kakange ragil
waruju/ruju : anak sing keri dewe / terakhir
wuragil/ragil : anak sing keri dewe / terakhir
panenggak : anak nomer loro, soko anak kabehe limo
panengah : anak nomer telu, soko anak kabehe limo
julung caplok : bocah laire mbarengi surupe srengenge
julung kembang : bocah laire mbarengi pletheke srengenge
julung sarab/surup : bocah laire ngarepake surup srengengene
julung sungsang : bocah laire wayah bedhug awan
jempina : bocah sing lair durung wayahe
margana : bocah laire pinuju ibune ing lelungan
wahana : bocah laire pijunu ibune ing pasamuwan
wuyungan : bocah laire pinuju ibune ana perang ( geger )
konduran : bocah lair, nanging ibune seda ( mati )
thok-thing : bocah lair sing sirahe cilik
sumala : bocah sing cacad kawit lair
sungsang : bocah laire sikile ndisik
kalung usus : bocah lair pusere ngubet gulu
yatim : bocah laire ora menangi bapake
lola ( yatim piatu ) : bocah sing wis ora duwe bapak lan ibu
lola bapak/biyung : bocah sing wis ora duwe bapak/biyung ( ibu )
Tidak ada komentar:
Posting Komentar