Minggu, 29 November 2020

Arane Anak Wong/Menungso

Kawruh Basa Jawa
sakmenika aran utowo celukan anak menawi diruntut saking keturunan utawi jumlahe.
( Berikut sebutan atau panggilan anak jika diruntut dari jumlah keturunannya )


ontang-anting                     : anak 1 - lanang
unting-unting                     : anak 1 - wadon
uger-uger lawang               : anak 2 - lanang kabeh 
kembang sepasang             : anak 2 - wadon kabeh
cukit dulit                           : anak 3 - lanang kabeh
gotong mayit                      : anak 3 - wadon kabeh
saramba                              : anak 4 - lanang kabeh
sarimpi                               : anak 4 - wadon kabeh
pandhawa                           : anak 5 - lanang kabeh
pancagati                            : anak 5 - wadon kabeh
kedhana-kedhini                 : anak 2 - lanang ; wadon
kedhini-kedhana                 : anak 2 - wadon ; lanang
pancuran kaapit sendhang  : anak 3 - wadon ; lanang ; wadon
sendhang kaapit pancuran  : anak 3 - lanang ; wadon ; lanang
keblat papat                        : anak 4 - lanang - wadon
sepasar                                : anak 5 - lanang - wadon

Minggu, 22 November 2020

Tembang Dolanan Jawa

Sakmenika tembang dolanan kagem anak

ILIR-ILIR

Lir-ilir lir-ilir
Tandure wis sumilir
Tak ijo royo-royo 
ak sengguh penganten anyar

Cah angon cah angon
penekno blimbing kuwi
Lunyu-lunyu penekno
kanggo mbasuh dodot iro

Minggu, 15 November 2020

Tembang Macapat Gambuh

Gambuh

Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katula-tula katali
Kadulu warsa kapatuh
Katutuh pan dadi awon

Aja nganti kebanjur
Sabarang polah kang nora jujur
Yen kebanjur, sayekti kojur tan becik
Becik ngupaya iku
Ing pitutur kang sayektos

Pitutur bener iku
Sayektine apantes ditiru
Nadyan metu saking wong sudra papeki
Lamun becik nggone muruk
Iku pantes sira anggo

Tembang Macapat Dandhang Gula

Dandhang Gula

Wardining kang sasmita jinarwi
Wruhing kukum ing kanisthane
Adoh marang kanisthane
Pamicara puniku
Weh reseping sagung miyarsi
Tata krama puniku
Ngedohaken panyendhu
Kagunan iku kinarya
Ngupa boga, dene kelakuan becik
Weh rahayuning angga

Tembang Macapat Sinom

Sinom

Sun iki dhutaning nata
Prabu kenya Majapahit
Kekasih Damar Sasangka
Atma mantune ki patih
Magang anyar awak mami
Tahta bisma praptaningsun
Ingutus Sang Narpendah
Kinen mocok murdantaji
Mar maningsun ingutus ywa mindho karya

Minggu, 08 November 2020

Tembang jawa macapat Kinanthi

sakmenika tembang macapat kinanthi, monggo sareng-sareng kita simak

Kinanthi

Anoman malumpat sampun
prapteng witing nagasari
mulat mangandap katingal
wanodya yu kuru aking
gelung rusak wor lan kisma
kang iga-iga kaeksi

Wruhanta yen sira kulup
Arsaha mungkasi kardi
Mubarang ingkang sinedya
Tebusen laku utami
Wit iku sanguning gesang
Pitukon wajib ing urip

Marmane den taberi kulup
Angulah lantiping ati
Rina wengi den anedya
Pandak panduking pambudi
Bengkas kahardaning driya
Supaya dadya utami

Selasa, 03 November 2020

Lirik lagu / tembang jawa : Dongengan

Sebuah lagu jawa legendaris karya sang mastro keroncong Alm.Gesang. lagu yang sudah sangat lama, dan mungkin tidak banyak orang yang tahu akan keberadaan lagu ini.
berikut liriknya, semoga berkenan


DONGENGAN
oleh gesang

Sinten purun kula dongengi
Dongenge sedulur ndesa
Sugih sawah lan sugih pari
Ayeman ati ora murka
Ageng labuhe dateng negari
Rupa arta lan rupa banda
Jaman gerilya ing uni
Tiyang kitha ngungsi teng ndesa

Lirik Tembang / lagu jawa KIDUNG DANDANG GULA

Lagu jawa / geguritan / tembang jawa, khususnya jawa kawi sarat makna, salah satunya adalah kidung Dandhang gula, yang menceritakan kedekatan seorang hamba dengan Tuhan Sang Maha Pencipta

KIDHUNG DANDANG GULA

Kanthi nyebut ing asmaning Gusti
Gusti Allah ingkang Maha Mirah
Maha Asih sejatine
Puja lan pujiKu
Among Allah ingkang ndarbeni
Gustining jagat raya
Ya alam sawegung
Maha welas asih cetha
Kang ngratoni dinaning agama yekti
kukuding alam donya

Amung dhumateng Paduka Gusti Hamba nyembah saha kumawula
Angrerepa dhepe-dhepe
Hamba Nyuwun pitulung
Timedehna margi kang yekti
Margining tiyang katha
Ingkang begja tuhu
Paduka paringi nikmat
sanes margi bebendu lan sasar sami
Amin tutuping donga

Tembang Macapat Pucung / Pocung


lagu pucung / pocung berisi tebak-tebakan ( cangkriman ). berikut beberapa contoh lagu pucung beserta jawabannya

---------------------------

Bapak pucung
amun sirah lawan gembung
padha dikunjara
mati sajroning ngaurip
mijil baka
si pucung dadi dahan

( pentol korek )

new post

Arane Satriya lan Kasatriyane

Sakmenika arane Satriya lan Kasatriyanipun R. Abimanyu - satriya ing - Plangkawati R. Anoman - satiya ing - Kendhalisada R...

most popular