Minggu, 20 Desember 2020

Tembung Ngoko-Krama Madya-Krama inggil

PERANGANE AWAK

Tembung utawi ukara, wonten tigang tingkatan. Inggih punika, tembung ngoko, tembung krama madya lan krama inggil. Miturut pangunaanipun, tembung ngoko lumrah dipun ginaaken tumrap tiyang ingkang luweh enom, utawi rencang ingkang sampun akrab. Tembung krama madya, lumrah dipun ginaaken tumrap tiyang sak umuran, lan krama inggil dipun ginaaken tumrap tiyang ingkang kalangkung/luweh sepuh. Sakmenika tembung ngoko, krama madya lan krama inggil tumrap perangane awak, kanti urutan: 

NGOKO - KRAMA MADYA - KRAMA INGGIL


alis - alis - imba
ati - manah - ( peng ) galih
awak - badan - salira
balung - balung - tosan
bangkekan - bangkeaan - pamekan
bathuk - bathuk - palarapan
bokong - bokong - bocong
brengos - brengos - gumbala, rawis
cangkem - cangkem - tutuk
cengel - cengel - griwa
dhadha- dhadha - jaja
dhengkul - dhengkul - jengku
dlamakan - dlamakan - samparan
driji - driji - racikan
embun-embunan - embun-embunan - pasundhulan
endhas - sirah - mustaka
epek-epek - epek-epek - tapak asta

Minggu, 13 Desember 2020

Candraning Manungso

Sakmenika Candraning Manungso

alise  - nanggal sepisan
astane  - nggendhewa gadhing
athi-athine  - ngudhup turi
awake - ramping
bangkekane - nawon kemit
bathuke  - nyela cendhani
bokonge  - manjang ngilang
brengose  - nglaler menclok
brengose  - nguler keket
cahyane  - sumunu/sumunar
cahyane  - ngalentrih
drijine  - mucuk eri
godhege  - simbar rumembun
gulune  - ngelung gadhung
gulune  - ngolan-olan
eseme  - kaya madu pinastika
eseme  - pahit madu
idepe  - tumenga ing tawang
irunge  - kencana pinatar
irunge  - mbangir
irunge  - ngudhup mlathi
kempole  - ngembang pudhak
kempole  - nyikil walang

Minggu, 06 Desember 2020

Tembang Jawa Pangkur

PANGKUR


Ing mangsa mengko pan arang, kang katemu ing basa kang basuki
Ingkang lumrah wong puniku, drengki srei lan do ra iren
Meren panasten dahwen kumingsun opene nora pasaja
Jahil muthakil mbesiwil

Alaning liyan den andhar, nging beciking liyan dipunsimpeni
Becike dhewe ginunggung, kinarya pasamuan
Nora ngrasa alane dhewe ngendhukur, wong kang mangkono
Wateknya, nora pantes denpedhaki

Tembang Jawa Macapat Asmaradana

Sakmenika tembang macapat Asmaradana

ASMARADANA

Nora gampang wong aurip, yen tan weruh urip ira
Uripe padha lan kebo anggur, kebo gading ira
Halal yen pinangan apan manungsa
Dagingipun yen pinangan dadya wisa

Poma-poma wekas mami, anak putu aja lena
Aja ketungkul uripe, lan aja duwe kareman
Marang pepaes donya, siyang dalu dipunemut
Yen urip manggih antaka

new post

Arane Satriya lan Kasatriyane

Sakmenika arane Satriya lan Kasatriyanipun R. Abimanyu - satriya ing - Plangkawati R. Anoman - satiya ing - Kendhalisada R...

most popular