Senin, 26 Juli 2010

Lirik lagu / tembang / geguritan jawa : Lingsir wengi

LINGSIR WENGI

srengenge wus katon lingsir mangulon
mratandakake yen wus wayah surup
bocah-bocah wis pada mulih ing omahe,

kewan-kewan wis mlebu ing kandange
lawa lan kalong gumleber metu saka padhelikane
jangkrik lan walang wus ngatonake tembange

pedhut gumulung anambahi kekes swasana
pating kerlip dilah ing pendapa mobat mabit ginawa angin kang teka
liyep-liyep kaprungu kidung japa

memuji marang Gusti Kang Maha kuasa

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

new post

Arane Satriya lan Kasatriyane

Sakmenika arane Satriya lan Kasatriyanipun R. Abimanyu - satriya ing - Plangkawati R. Anoman - satiya ing - Kendhalisada R...

most popular