SRIKANDHI-MUSTAKAWENI
Dewi Srikandhi tuwin Dewi Mustakaweni punika,sanadyana putri nanging putri ingkang pinter perang kados prajurit.mila kalih-kalihipun asring dipun sebat prajurit
dewi srikandhi punika garwanipun raden arjuna,ing kasatriyan madukara.dewi mustakawei punika putranipun raja denawa prabu niwatakawaca saking nagari ngimaimantaka.sang dewi mustakaweni badhe males ukum dhateng raden arjuna,ikang nyedani ramanipun.manut aturipun juru nujum ing ngamantaka,pikajengipun dewi mustakaweni saget kalampahan,manawi sang dewi saged ndhustha jimat kalimasada saking kraton ngamarta.sagedipun lumebet dhateng kraton ngamarta,sang dewi kedah malih rupi raden gathutkaca.saestuni kelampahan dewi mustakaweni malih rupi raden gathutkaca,sarta salajengipun kalampahan ndhista jimat kalimasada.nanging tumindak cidranipundewi mustakaweni punilka kadenangan dening dewi srikandhi.gathutkaca palsu dipunpanah dewi srikandhi,badhar dados dewi mustakaweni malih.dewi srikandhi lajeng aben ajeng,saha perang tanding kaliyan dewi mustakaweni.dewi srikandhi kasoran lajeng mundhut bebantunipun bambang priyambada ingkang badhe sowan raden arjuna ingkang ramanipun .bambang priyambada saget ngawonaken dewi mustakaweni.malah sang dewi manut kapundhut garwa.kekalihipun lajeng dipunirid sowan dhateng kraton ngamarta sowan para pepundhen pandhawa.mekaten gancanging cariyos srikandhi - mustakaweni.
kaserat dening ajar basa kelas 5
ini adalah tentang budaya indonesia, khususnya budaya jawa. kalau tidak kita yang melestarikan, musti siapa lagi...
Selasa, 19 Oktober 2010
Minggu, 17 Oktober 2010
CERITA ANAK BAHASA JAWA " TOM SAJEMPOL "
Cerita anak dalam bahasa jawa, sekarang sulit ditemukan. sepinya peminat, dan serangan budaya asing yang kian menjamur menjadikan budaya sendiri semakin terasingkan. berikut sedikit cerita dalam bahasa jawa, semoga para pembaca berkenan.
Langganan:
Postingan (Atom)
new post
Arane Satriya lan Kasatriyane
Sakmenika arane Satriya lan Kasatriyanipun R. Abimanyu - satriya ing - Plangkawati R. Anoman - satiya ing - Kendhalisada R...
most popular
-
Lagu jawa / geguritan / tembang jawa, khususnya jawa kawi sarat makna, salah satunya adalah kidung Dandhang gula, yang menceritakan kedekata...
-
Sebuah lagu jawa legendaris karya sang mastro keroncong Alm.Gesang. lagu yang sudah sangat lama, dan mungkin tidak banyak orang yang tahu ak...
-
MASKUMAMBANG duk samana kang dadya tumbal ing nagri gugur lir kusuma ngrungkebi Ibu Pertiwi prang lumawan Gurkha Nica bambu runcing ka...